Kopi kucing

Ana cerita kiye, si Sukir karo si Sito. Si Sukir karo Sito lorone doyan ngopi. Bocah loro kiye mbayangna nginum kopi sing jere paling enak sedunia, sing jenenge kopi luwak. Kopi luwak sing jere goli gawe, kopine dipangan luwak disit. Ceritane kiye si Sukir ora duwe luwak tapi duwene kucing. Wong jere nggolet luwak angel dadi njajal nganggo kucing.

Ceritane, Minggu esuk si Sito dolan nggone Sukir.

Sukir : “Wah, pas banget kiye To kowe teka. Sito ko arep ngopi apa teh. Kiye inyong arep gawe wedang”.
Sito : “Kopine bae kir, sing enak lho ya”.
Sukir : “Ya kiye pas pisan aku duwe kopi enak pisan. Tek gawekna kiye khusus nggo ko, To”,
Sito : Ya wis aja kesuwen, gagian digawe!”.

Ora suwe sukir teka nggawa wedang kopi sing ketone buket pisan, sekalian karo wedang tehe siji.

Sukir : “Nyah kiye kopine, To”,
Sito : “Suwun ya. Ngeneh tek srupute. Ketone enak temen esuk-esuk wis olih kopi gratisan”.

Sito nyruput kopine.

Sukir : “Kepiwe, To? Rasane enak?”
Sito : “Kiye kopi apa, deneng rasane ana kecute, Kir?”
Sukir : “Kuwe kopi kucing, aku sing gawe”.
Sito : “Apa kucing doyan kopi? Ana-ana bae, Kir”.
Sukir (karo nyruput teh) : Ya doyan, kopine tek gerus disit madan lembut, terus tek uwel-uwelna karo iwak asin,
tembe tek empakna kucing”.
Sito (karo mendelik ndelengna Sukir) : “Lah trus kopine?”
Sukir : “Barkuwe dienteni kucinge ngising, tembe dikumbah terus disaring. Tembe kopine dipe nganti garing”.
Sito : “Wesstahhh.. Asem!! Kuwe arane udu kopi kucing tapi tai kucing!”
Sukir : “Mulane aku takon karo kowe rasane kepiwe, wong aku sing gawe be arep nginum ora kolu”.
Sito : “Kurang asem ya kowe, Kir (Sito ndeblag mejane Sukir)

0 thoughts on “Kopi kucing

  1. ass wr wb,

    Kopi Komandan>

    Konco-konco proyek biasane yen istirahat mesti mulih nyang barak, lha sakdurung jam istirahat ana konco sing kreatif ngumpulke sisa-sisa minuman kopi sak ruangan iku dadi sak gelas penuh lan ditulisi neng sebelahe KOPI KOMANDAN (jangan diminum). Bareng jam istirahat teka Si Sukir langsung nylonong masuk ruangan, tahu ada kopi satu gelas penuh dan ada tulisan larangan diminum, dheweke tolah toleh terus sambil bicara lantang : MAAF KOMANDAN kopinya saya minum..!!!! Sruput …gleg..gleg…habislah satu gelas kopi komandan tersebut.
    Teman-teman satu ruangan : …..?…ger….ha…ha….ha

    Priyanto, Malang

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *