rejeki tidak tertukar

Tentreme Ati

Tentreme ati iku anana saka awakmu, saka njero atimu. Udu saka banda sing ana, udu saka sedulur neng sekitarmu.

Rejeki iku ora bisa ditiru. Senajan pada lakumu, senajan pada dodolanmu, senajan pada pegaweanmu.

Kasil sing ditampa bakal beda-beda. Isa beda neng akehe bandha, isa uga ana neng rasa lanayeme ati. Ya iku sing jenenge bahagia.

Kabeh iku saka tresnane Gusti Sing Maha Kuwasa. Sapa temen bakal tinemu, sapa wani rekasa bakal gayuh mulya. Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi.

Wis ginaris neng takdire menungsa, yen apa sing urip kuwi wis disangoni saka Sing Kuwasa. Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak kaya angin sing disedhot saben dina. Nanging kadang menungsa sulap mata lan peteng atine. Sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawe-awe, nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia ora duwe guna.

Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungsa  saka lair tekan pati. Nanging yen kanggo nuruti karep menungsa sing ora ana warege, rasane kabeh cupet, neng pikiran ruwet, lan atine marahi bundhet.

Welinge wong tuwa, apa sing ana dilakoni lan apa sing durung ana aja diarep-arep. Semelehke atimu, yen wis dadi duwekmu bakal tinemu. Yen ora jatahmu apa maneh kok ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala, ya dienteni bae, iku bakal gawe uripmu lara, rekasa, lan angkara murka sak jeroning kaluwarga. Kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.

Yen umpama ayem iku mung bisa dituku karo akehe bandha, piwe rekasane dadi wong sing ora duwe. Untunge ayem isa diduweni sapa bae sing gelem ngleremke atine sing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang Gusti Alloh.

2 thoughts on “Tentreme Ati

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *